Wikipédia:Pendhapa

Kuburan kéwan ya kuwi kuburan kanggo kéwan. Senadyan pamumulé lan ngubur kéwan klangenan wis dipraktèkaké wiwit jaman kuna, kuburan sing kusus kanggo kéwan ora lumrah nganti pungkasan abad kaping-19. Akèh kabudayan manungsa ngubur jisiming kéwan. Contoné wong Mesir Kuna mumifikasi lan ngubur kucing, sing dianggep déwata; salah sijiné kuburan kéwan lawas dhéwé iku kuburan kéwan Berenice, sing mliginé dienggo ngubur kucing, lan ditemokaké nalika èkskavasi plabuhan Berenice Troglodytica ing taun 2011 lan dienggo antara abad kapisan lan kapindho Masèhi. Para arkéolog nemokaké menawa asu dikubur ing sandhingé manungsa ing Sibéria nganti sakiwa tengené 8.000 taun kapungkur. Kuburan asu Ashkelon, iku kuburan kéwan klangenan sing dikawruhi lan gedhé dhéwé. Kuburan iki ditemokaké ing Taman Nasional Ashkelon, Ashkelon, Israèl.
Maca sabanjuré ...![]()
Grojogan Skradinski Buk ing Taman Nasional Krka, Kroasia.
- 1792 - La Marseillaise, lagu kabangsan Prancis, dipunserat.
- 1955 - Konferensi Asia Afrika dipuntutup kanthi asil nyengkuyung katentreman lan temandang sesarengan donya, kaserat salebeting Dasasila Bandung.
- 1967 - Pesawat luar angkasa Soyuz 1 dhawah ing Siberia, niwasaken kosmonot Vladimir Komarov.
- 1990 - Pesawat ulang-alik Discovery lepas landas kanthi mbeta Teleskop Hubble.
- 2011 - Tokoh Agami India, Sathya Sai Baba, séda ing Puttaparthi, Andhra Pradesh, India mawi yuswa 84 taun.
- 2013 - Menara Mesjid Agung Aleppo ingkang yuswanipun 900 taun ing Aleppo, Suriah, risak amargi perang sadhèrèk.